Jumat, 22 Juli 2011

WANUH

Hardho Sayoko



Aja percaya unine manuk engkuk
sing doyan ngoceh karo wotak watuk
wong enere panuding ora isin ditawakake
mula apa angele ngapusi karo nyebar uyah
disambi ngamping tumpukan damen neng sawah

Dhek emben padha ora isin adol sepata
mblejeti wadine rowang jare dudu laku nista
dupeh jare mung tepungan rikala melu baris
mula ora maelu karo sing padha pringas-pringis

Sing biyen gantholan jenthik padha bengkrik
sing sak iki dum-duman sarung plekat
ora isin nek dhek emben rebutan brekat 
mula eling-elingen unine tekek neng blandar
ben ora melu nyangoni kere sing pingin jigar

Kedunggalar, 14/15 Mei 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar