SAMUN 1
Embuh kaping pira nyoba nduwa
branange ati sing ngobong dhadha
panggresahmu tetep nggandhuli jangga
nimas, nimas kena apa sisane esem
kerep nunjemake rasa kangen katutan mawa
mangka semilire angin wis suwe nggiring mega
Kedunggalar, 15 April 2009
SAMUN 2Embuh kaping pira nyoba nduwa
branange ati sing ngobong dhadha
panggresahmu tetep nggandhuli jangga
nimas, nimas kena apa sisane esem
kerep nunjemake rasa kangen katutan mawa
mangka semilire angin wis suwe nggiring mega
Kedunggalar, 15 April 2009
Sepi kang tumlawung kekejer tanpa golek lanjaran
ninggalake legine esem sing nglabur lawang pendhapa
pinaes crita endahe jaman bocah sing langgeng ngukir makna
rikala nyruput madu karo ngenam tharik-tharike impen neng mega
nganti lali kersane Gusti kerep ora jumbuh karo endahe panggantha
Neng sak dawane lurung dak anam dina-dina sing kawuri
lewat gurit lan gambar sing blasar sak wise bukak senthong
sak wise panudinge driji minangka paseksen kang wis binabar
Sepi kang tumlawung wis suwe kelangan rambatan
ditampik sepane esem sing mung kari sisa neng tembok rengka
merga sing nate dijlumati neng impen saya nglokor kegiles mangsa
mula puluhana ditangisi sing wis ginaris ora bakal slenca
sing dikersakake Gusti ora bakal owah saka ingere jangka
Kedunggalar, 20 Juli 2006
Tidak ada komentar:
Posting Komentar