Jumat, 22 Juli 2011

KIDUNG SEPA

Hardho Sayoko
Amarga dina-dina sing lumayu ora nate gelem cidra 
mula padha kesandhung sak durunge dhemen nyolet makna
sak wise candhikala wanci surup nyekseni wong sepata 
ora perduli thukulan terate neng belik plataran pendhapa
nadyan tinutup mendhung utawa kinuja sunare bagaskara
tetep nyunarake perbawa kang ora nate slenca

Wingi sliramu nyoba maliki sisane pangimpen 
kejiret pang jati sing tumlawung neng nduwur tlaga
mangka mung manuk emprit sing gelem merdulekake
sak wise derkuku lan manuk engkuk edan sega 
sliramu ora lali wangsite sing sumare neng swarga
gelem ngedhuk kang kinelem endhute jaman sing beda

Alas gung liwang-liwung wus kari crita 
kedhung jero lan gemrengenge pasar 
wis dadi kidung sing nglangut tanpa makna 
digawa pedhut nglengkara neng laptope landa
kangmas sapa gelem disalahake? 
menawa woh benguk jare kembang rawe
sak wise sing kejibah mung ngathong penggaweane

Ngawi, 3 Desember 2008 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar