Hardho Sayoko
Rikala panjelihe tengara pungkasan nduwa pedhut
sing nemplek pinggiran cendelane senthong
sak wise layar agung neng cagak baita wiwit kababar
; Nyuwun pamit tembok pelabuhan kang reget
lilakna aku ngarah dharatan sing wis suwe dilalekake
kinubur maleksa khianat ngoncati remukan dina sing lungset
keprungu lirih ginawa semilire angin neng pesisir
wektu kebak pengarep sak wise mangkatmu diuntapake
sanak kadang sing brebes mili karo ngawe-ngawe
ngarah dharatan sabrang sing selawase iki digadhekake
rikala neng endi-endi tangan-tangan kebak nanah
diumbar ngelus pipine rembulan sak jelehe
neng walike sabda sing ora jeleh ditirokake bence
Dina-dina sing dawa senadyan nate nawani mangrone pamilih
liwat plengkunge langit sing masang garange bundere srengenge
rikala garis cakrawala majang kaendahane dhungdhung kluwung
sliramu ora nate kepincut nganti nglalekake camar neng segara
apamaneh ngumbar dhadhunge jangkar jineret wewayangane buta
senadyan maewu cahya saka pojok-pojok tembok kang rengka
jajal mikat neng jerone rasa ngelak kang ngorongake gorokan
kang nganti dhek wingi nggosongake impene sing misaya mina
; Sliramu ora wawang nerjang ombak lan prahara
lan tetep milih lelayaran karo pawitan tekad kang agilig waja
sesuk bakal bali karo nyangking Rahu neng tangan kiwa
sing selawase iki nyebar panalangsa lewat grahana
lan nyrimpung grimis sing kangen arume kembang cepaka
sing selawase kecenthet dadi bonsai nadyan wektune dadi wit
nadyan wis dadi wiji sak wise pethal saka gendhongan biyung
merga panuding sing diumbar menggok tanpa cecala
Kedunggalar, 22 September 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar