Hardho Sayoko
Kutha kelairan jare kedhunge nalar
nyatane kok cengkah karo sing kawedhar
sing manggon neng kene padha wegah jigar
kethap kethip ngenam impen karo nglekar
Sing lunga lali prapatan lan ara-ara
elinge menawa isih duwe waris neng desa
pendhak bada utawa pas lagi nyidham makutha
ngiras pamer menawa kasil olehe ngumbara
Kutha kelairan jare kedhunge wong nalar
ning kok ora mrina kaya patrape wong sing duwe rega
malah mung mrenges nek diwada karo tangga liya kutha
; sejatine mung panggonan turu neng jagat gumelar
Kedunggalar, 5 Desember 2008

Tidak ada komentar:
Posting Komentar