Sapa kandha nek siji ping siji kuwi oleh-olehane tetep siji
wong nek diijir karo jinjit sok-sok nganti dadi limang pantha
nek ora percaya coba delengen karo amping-amping
mengko lak malah kerep turah angger ora kandha-kandha
Ana endhut dledek ora entek-entek ambune ngungkuli telek
titiken pucuke wit karo cagak antena sing ndelik neng jero tela
sak wise manuk-manuk mung kekiter merga pange kecaplok mega
sato iwen kari aran merga kandhange kurugan lebu mangsa ketiga
Sapa kandha nek telu ping telu kuwi oleh-olehane sanga
wong nek diwilang karo merem sok-sok malah etungane beda
ning akeh sing ora ngandel nadyan janggute bola-bali kenyonyok mawa
mula ora susah adol umuk wong neng endi wae mung nyunduki upa
Kedunggalar 2007
Tidak ada komentar:
Posting Komentar