Jumat, 22 Juli 2011

ANGLER

Hardho Sayoko

Sauger sing kepatah ana ngarep ada-ada gawe cangkriman
wedok apa lanang sing tahun ngarep jangkahe ketok amba
sing ndhesel neng mburi padha pating ceblung melu ngukara
ora perduli sing neng njaba pager gedhohe kuping dinyonyok mawa
nyumurupi sing kepingin lungguh jegang neng ndhuwur meja
ledra-ledre karo nawakake endahe pangarep sing ngayawara
ning nek bubar brokohan ora isin nekuk ilat karo sing tau diwada

Sing kepatah nabuh tambur malang kerik sak durunge ngetung bala
ora maelu sing kesingsal olehe milang padha bekah-bekuh saben dina 
merga nyumurupi sing klepas-klepus karo metengkrang pamer kethu
tibane blantik wedhus sing saben jagong nggloso neng jeberan klasa
ning kerep nglali menawa ditagih karo sing nate kena apus krama
bakal andum binat menawa katut diundang kenduren neng pendhapa

Kedunggalar. 30 Nopember 2003-10 April 2008-10 April 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar