Jumat, 22 Juli 2011

LAYANG ABANG

Hardho Sayoko



Merga leluhure awake dhewe para jawata neng Suralaya
mula ora aran aneh menawa wasis ngrakit ukara
sing bisa gorekake gunung lan ngumobake samodra
nyatane wiwit bayi cenger nganti sing dipikul bandhosa
kabeh ora ninggalake kukusing dupa lan japa mantra
nanging menawa sing isih kepingin ndeleng padhange srengenge
kudu jerbabah sak wise nglepeh paku lan antop lenga patra
apa isih pantes ngaku tedhake kang wus suwarga?
sing adus kramas sak wise sapu jagong karo Sunan Kalijaga

Kedunggalar, 17 Nop 2003

Tidak ada komentar:

Posting Komentar