Hardho Sayoko
Merga bacine congor baya wis bosen ngrasakake
mula blegere ula luwuk sak wit pucang sing pamer siyung
malah padha nganggep minangka tandha Ne
; Ya iki sing bakal ngedhukake genderane barisan kere
sing kumlebet ngawe-ngawe neng jagat peparinganE
sing saya sangar merga kedhunge dienggo kungkum wewe
Nyatane sing nate jeplak tibane mung trima bisa ngablak
mula sing dhangak kesrimpet alume pengangen
sing ngrembaka neng ati sing sewu tahun kepidak
nggetuni playune dina sing kependhem impen
Manuk gagak ulese jare anak putu
wis padha karo manuk merak
buktine tanpa kendhang kineplak
bisa ngigel ngungkuli tandhak
apa merga watuke gunung ?
apa sabab merga segara saben dina koplak ?
marahi lemah obah lan tegal sawah dadi bengkah
sak durunge kinelem banyu
sing marahi murus menawa ora katut jerbabah
Merga bacine congor baya wis bosen ngrasakake
ababe ula luwuk sing ngalek-alek dulek telenge irung
malah padha nganggep minangka tandha Ne
; Bakal kumlebete genderane barisan bocah-bocah bajang
sing wis suwe lungset neng bothekane biyunge
campur bumbon sak wise dienggo kembenan sindhen
Nyatane sing nate jeplak tibane mung trima bisa ngablak
mula sing dangak kesrimpet ajure pengangen
sing ngrembaka neng ati sing sewu tahun kepidak
Kediri, 18 Juli 2006 -7/9 April 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar