Hardho Sayoko
Biyung,
dhadhane anakmu wingi meh krasa arep pecah
sak durunge tiba jerbabah dhepani lemah
sing meh seket tahun tak ambah
bola-bali menehi tengara arep bengkah
sak wise telenge ati umob kesokan nanah
Biyung
aku bosen bola-bali ales saben ngadhepi ruwete petung
merga sanyatane dudu pendhekar sekti sing duwe ngelmune lutung
nanging anakmu penggurit sing ngendikamu bisa nyebul gunung
nadyan nyatane drajate mung sak ngisore bakul sarung
sing ora idhep isin ethok-ethok bisa nulak jengges lan tenung
Biyung
kena apa anakmu garise urip isih ginubel ababe jailangkung
luru pangan sak emplokan wae isih kerep dadi sanggane rowang
apa merga nate nulak dadi wakile para kawula
sing ditawakake para kecu sing salin salaga dadi cantrike pendhita
apa pancen kaya ngene nek nyoba arep ngowahi ubenge jangka
nampik kadhapuk dadi Bilung rikala ana sing nglebetne gendera
Biyung
anakmu ora maelu kang kumelip merga gemang ngambali dosa
nadyan mbesuk embuh dinane nek sowan neng ngarsa Ne
diuntapake unine mriyem sak wise diwacakake umbul donga
nanging ditangisi anak putu sing wis jeleh diundamana
lan nandhang wirang sak wise ngerti anak turune Dasamuka
Kedunggalar, 29 Nopember 2003-10 April 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar