Hardho Sayoko
Jarene cacahe angka mung siji tambah sanga
etungane abjad ya ora nate suda
nanging kena apa bisa ditekuk lan bisa kewaca
manut obahe ilat lan kedhepe tlapukane netra
ing dhuwur langit lan jabane donya
Ana sing bisa kanggo jengges
lan gawe cilakane sak pepadha
ana sing bisa gawe padhang lan usada
tumprap sing kepetengan lan golek tamba
Umpama isine otot kena kewilang
semliwere pengangen tetep ora padha
mula saben lek gurit ora nate leren anggone mili
lan sing kekejer tetep bisa ngambah jumantara
nunggang khuruf sing ora nate suda
Kedunggalar, Nopember 2007
Tidak ada komentar:
Posting Komentar