Jumat, 22 Juli 2011

NENG PANGE IMPEN

Hardho Sayoko


Sejatine apa sing digoleki 
menawa ijone gegodhongan 
ora beda karo alume suket teki
abange dubang mung marahi ngregeti klambi
sing nginang wis lali rose suruh ujure neng endi

Iga-iga padha gegambangan
jemblinge weteng lan kisute pipi
wis ora kuwawa kanggo ngiris lembarane ati
apa maneh dijiret karo larikan puisi
luh sing tumetes wis kena kanggo pawitan ngapusi

Gek dosane apa sing nandhang papa
wong ora disanthet wae wis ora bisa mencret
kok sing pawitan abab malah padha breset
ora maelu karo sing biyen dijak nyeret

Kedunggalar, 19 Juli 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar