Hardho Sayoko
Thole
getihmu sing blambang neng lemah cengkar tahun kepungkur
wis rumesep neng jero tela kang meh limang windu sangar
nggorekake bumi kang manut nujum durung wancine ambyar
nglengserake Buta Terong sing doyan karuk lan godhong tela
emane sak wise sing kemaruk mung bisa plerak-pleruk
wiji aji mumpung kang biyen mekingking malah tuwuh ngrembaka
sak wise sing melu pacak baris neng ngisor papringan pada lena
nganti ora dunung menawa wis kesusupan muride Pendhita Durna
Thole
isa mbok bedhek to pungkasane larike geguritan?
merga esem lan tangis kuwi sandhangane titah neng donya
mula ora padha perduli nasibe sing adus getih lan ngrajang raga
apa merga durung wancine sing ngisis siyung ngundhuh karma?
mula sing kelangan mung mbrebes mili nyawang klengsrehe gendera
Kedunggalar, 28April 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar