Hardho Sayoko
Nglangut pangangen saka telenge ati
saben nyawang ijone gegodhongan sing kumleyang
nadyan durung wancine alum merga ketigane isih dadi gatra
nanging sapa kang bisa nulak lan kuwawa ngenggokake garisE
mula tansaha nyelengi sangu aja keyungyun dupeh lagi kepama
lali enere keblat merga ketungkul olehe nyebuli mawa
Bulungan – Kedunggalar, 2006
Tidak ada komentar:
Posting Komentar