Jumat, 22 Juli 2011

BUNGLON

Hardho Sayoko



Rikala ana ontran-ontran lan meh dadi pangewan-ewan
olehmu lumayu ngungkuli klepate kidang kencana
ndhepipas-ndhepipis sak durunge uluk salam
kandha nek wis mertobat lan ninggalake tindak culika

Pirang puluh tahun mbok cekethem obahe cangkem?
rikala wadya balamu briga-brigi pamer panguwasa
ngrojah-ngrajih dhadhane biyung kang garing mekingking
merga mbok undangake asu ajak saka sabrang segara

Sak iki bareng praharane leren
kowe kandha arep bali ngrebut tekene sang bathara
pawadan gapura sing ambruk kudu enggal ditata
ning sapa ora ngerti menawa sejatine mung apus krama
mangka krandhahmu dhewe bubar salin udheng sing kulak mala
liyane kowe sak balamu jare ora oleh ngatur obenge donya

Karang Rejo Sawah 29 April 2009


Tidak ada komentar:

Posting Komentar