Hardho Sayoko
Ana sing gemang nyanak kirik
merga nek cadhonge kurang khabare kerep purik
jarene luwih becik ngingu jangkrik
merga tikus padha mlayu nek bengi-bengi gelem ngerik
lan bisa miyak sepi nadyan lawange tetep dikunci
Apa ora bosen melu pacak baris karo nglebetake kertas
wong sing konangan ilate ngepang wae ora tau nggagas
merga kupinge sing kebak curek wis ora bisa nampa suwara
becik plirak-plirik ngitheni jangkrik nganggo suket kalanjana
ati sing bunek bakal temrawang tanpa wewangenan
sing pati wirang mengko nek kesandhung lak ngglempang
Mlayua sipat kuping mangsa ora kesela
bisa kekejer kaya manuk branjangan
liya dina ya bakal lena ndhepani bantala
ula tapak angin wae kopat-kapite ora saben dina
mula togna wae sing lagi kepama neng donya
aja nggresah lan maido dhadhamu tiwas lara
Kedunggalar, 19 Juli 2006
Tidak ada komentar:
Posting Komentar