Hardho Sayoko
Alas jati wis meh entek digundhuli
thukulan jarak sing mrajak ora ana sing ngopeni
nek bener Naya Genggong karo Sabda Palon nate nyuwita
coba karo gurit njlumatna pitakon
; Kena apa segara isih sok umob, lemah bengkah
gunung-gunung padha lara watuk
sadhengah papan akeh sing padha nglentruk?
Wungunen Eyang kang wus sumare neng Pamenang
aturana nyerat karo laptop merga canggah warenge wis lali rontal
sewu tahun apa tanah Jawa isih kena dienggo jigar?
apa mung kari dedongengan sing ora tinemu nalar
Alas jati sunthene padha entek didhongkeli
thukulan jarak sing mrajak godhonge ora ana sing methiki
nek bener Damar Wulan karo Minak Jinggo nate padha sulaya
coba karo gurit njlumatna pitakon karo sing nggeret geber
; Kena apa sing nate nabuh bendhe kerep lali nek wis munggah bale
sing nunak nunuk nek wis padha dandan kok baut kluruk
ora perduli sing nonton padha kelantrak sendhen tunggak?
Kediri, 18 Juli 2006
Tidak ada komentar:
Posting Komentar