Jumat, 22 Juli 2011

BATIN DUMELING NENG JERO ATI KANG JINUWING

Hardho Sayoko

Nadyan tanpa melung-melung larane ngungkuli ketiban lesung
ketampek pamothahe ati tuwa kang kelara lara
sak wise nyawang bebanten kang blasar ngebaki ara-ara
meh tanpa kendhat mulas gelas lan dluwang sing dipathok rega
ngebur dalan luh sing wis buntet merga brebes mili saben dina

Wong sabrang ngarani perangan jagat iki
ngunguli endahe Taman Maerakaca
nanging nyatane sing sambat 
luwih akeh tinimbang karo sing mulya
apa merga sing adol jamu kerep cidra
karo sing wis bosen golek tamba
mula mung kari bekah-bekuh bareng ngerti
nek sing diuntal tibane mung tai baya 
sing ora bisa ngilangi rasa ngelu neng utek
lan jareme awak sing malah saya dadra
nguber butuh sing ora keconggah keranggeh
merga balapan karo playune mega

Nadyan tanpa sambat ngaru ara 
nyethake ngungkuli ngemut wisa
ginerus pamothahe ati tuwa 
kang jinuwing landhepe dhuhkita
sak wise mantha utang lan nginceng bolongan nyawa 
ngendi maneh sing bakal dijoki nganggo puthilan pajek
lan unthuke lenga patra?
ben bisa dolanan gangsingan
ora perduli bubar kenduren diundamana 

Bantul, 8 Juni 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar