Hardho Sayoko.Spb
Ora mokal sing biyen mengguk sesuk monthak manthuk
wong sing ngrembaka sewu tahun nate dadi sunthen
sak durunge Aryo Suman gantholan driji neng burine Resi Bisma
bisik-bisik tawa upas liwat sengake ciu kecampur jladrenan gula
golekake kamulyane para ponakan sing pingin duwe makutha
Digetunana pethilan jagung wis dadi warneng neng lodhong
kanggo cemilan saben pingin delok udel lan obahe bokong neng kaca
ubenge ara-ara ana endi sak wis suwe suket teki disirik wedhus lan sapi
apa maneh kebo blonthang mung mangan turu neng kandhang
sak wise garu lan waluku mung kanggo upacara temu penganten
dirabukana sedina ping pitu ora bakal thukul nganti mangsa ketiga
Ora mokal sing sak iki monthak manthuk besuk bakal lara mengguk
wong sing meh cures bisa ngrembuyung kanggo ngiyup jailangkung
angger Aryo Suman ora oleh nyebul sempritan karo nyekel gagang gendera
sing konangan nate bisik-bisik wani disumpah pocong sedina kaping sanga
mbok menawa sing nyongket luh bakal gumuyu ngakak kaya Dursasana
Kedunggalar, Juli 2006 – 9 April 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar