Hardho Sayoko
Ujare sing kerep umak-umik ngrapal mantra
dina pitu lan pasaran lima sarta sasi lan wuku
bisa kena kanggo ngubengake jangka
nyatane rikala budhal jaring anak macan
neng tengah alas malah kepethuk babonan singa

Sektine para leluhur karana kerep nyirik sega lan tapa brata
waskithane para sepuh jalaran bisa ngendhaleni babahan hawa sanga
lantipe para pujangga jalaran bisa maknani sak dengah aksara
nanging kesuwure jeneng ora kok merga saka kerepe olehe tawa
Ujare sing kerep umak-umik ngrapal mantra
dina pitu lan pasaran lima sarta wuku sing jenenge beda
bisa kanggo nyirep pageblug lan sak kabehe prahara neng donya
merga rikala mangkat dipengestoni biyung lan dikrenahke bapa
bareng bali saka pangumbaran liyane gemrayahe anak
lan tresnane bojo sing tanpa teba
sing dak pondhong katutan edine basa lan lungite sanepa
Kedunggalar, 21 Juli 2006
Tidak ada komentar:
Posting Komentar