Jumat, 22 Juli 2011

KUCING REMBES

Hardho Sayoko


Esuk kedhele sore dadi tempe
sapa sing ngandel unine tekek kuwaregen
wong sing gawene ngetung benik neng surjan
ngaku kerep bledru nek dienggo ngijir klungsu
mula aja ngandel karo sing kemresik nampik tahu
merga kerep konangan mamah bongkrek mambu
sing ora isin mbesuke dadi rasanan kancane putu 

Wis kadhung dienut unine bayi sing cemlowe
tibane la kok padha karo sing nyebar rawe
malah luwih bengkarok menawa dirasakake
mung bedane luwih julig tinimbang sing ngere
apa merga lambene dipulas dubange simbahe
engga pendhak pasaran akeh sing kapusan eseme 

Amarga sing dipercaya tibane sulaya
dudu singa barong kaya sing diwarak-warake bakul klasa 
mula anak putu dikon nyinau sing wis padha suwarga 
ben mbesuke ora getun kaya mbahe sing gampang percaya
rikala milih klangenan sing sejatine disirik menungsa
merga liyane cluthak uga ora nampik sing neng laci meja

Kedunggalar, 16/30 Mei 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar