Hardho Sayoko
Ngendikane simbok aja nganti keplok nek ora gelem tombok
la kepriye nek ora melok tiwas kesuwen olehe ndhodhok?
mung bisa pringas-pringis kaya kethek ngremus lombok
mangka jarene sing duwe ngelmu agal alus
kasektene menungsa luwih mandi tinimbang malaekat
nyatane bisa nyekel bledheg karo ngenam kupat
senadyan ora ajek anggone ngecakake sarengat
lan plenggang-plenggong nek ditakoni arahe keblat
Sing melu muter panguwasa blanjane saben tahun kepingin mundhak
mangka kerep ora kerja embuh saka akehe tanggalan sing kecuwak
utawa mlincur saka penggawean kanthi pawadan werna-werna
ora perduli nek sing menehi blanja akeh sing uripe isih ketula-tula
kangelan tuku lenga pet sak wise subsidine dijabel negara
kangelan ngijolake kupon sembako merga duite ora ana
kangelan golek pangupa jiwa sak wise pabrik padha gulung klasa
arep buruh macul neng sawah sing bayari nangisi regane gabah
wawang nglamar dadi punggawa merga ora duwe sangu nyugata
karo sing ngedum dluwang neng ngisor larikan meja
Dhawuhe bapak aja seneng ngablak nek mung pawitan awak
senadyan ngrasa kelantrak merga kesuwen olehe kepidak
sak wise pringas-pringis ngrasakake uripe sing kelenggak-lenggak
mangka jarene sing duwe ngelmu agal alus
drajate menungsa luwih duwur karo malaekat
nyatane bisa gurit karo mejang lungite makrifat
senadyan kasunyatane kerep nyingkurake sarengat
ning nek diarani kancane Abu Lahab genine murub neng mripat
Kedunggalar, 1 Mei 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar