Hardho Sayoko
Putih dadi patih abang dadi demang
nek biru apa ya bisa dadi ratu?
wong sing ijo wiwit adol umuk karo nggloso
becik nyeluk ndhungdhungkluwung
ben ketemu widadari sing lagi wuyung
Sliramu apa durung bosen nyongket sisa pangimpen?
wong dilahe wis kadhung bleret njlumatana tiwas ruwet
apa maneh nitipke ndhedher wiji pengarep
paling-paling nek thukul ya mung tiwas mati kejiret
Abang pingin dadi demang putih klithah-klithih
nek biru apa isane mung trima bakul tahu?
sak wise sing ijo lungguh jegang karo mangan baso
becik nyeluk ndhungdhungkluwung
ben ketemu widadari sing lagi luru enthung
Kedunggalar, 19 Juli 2006
Tidak ada komentar:
Posting Komentar