Jumat, 22 Juli 2011

CRITANE WONG SING PURIK

Hardho Sayoko


Bocah-bocah kaya pentile kembang cepaka
endahe impen lan legine esem keri neng kana
wong lanang mau nuding sikile langit lor kulon
malang kerik ngemba Raden Gathutkaca
ancang-ancang arep ngambah jumantara

: Kena apa sampeyan mulih nek pungkasane lelakon
mung nyigar ati neng kene lan dhedher wiji panalangsa
aku takon sak wuse nguwalake empati saka cantholan mega 
dodote nglokor sak wise kuluke malih nam-naman godhong plasa
udute sing dadi uthis diuncalake neng tegalan bera
wedange sing kari cekakik ngregeti gelas sing tumumpang meja

Saben nyawang kembang kopi lan woh sawit sing kari crita
angin gumuk sing atis dadi dom bundhel nyimpen mala
ndlesep njero sumsum gawe tatu nyuwek dhadha
mula milih ngambali lakon sing pirang-pirang tahun kecer
kangen karo sepi ngejur sak kabehe larikan panggantha
kangen karo tangga lan sanak sedulur kaya nglungguhi mawa 

: Kena apa sampeyan mulih nek neng kene mung nyigar ati
lan nandur wiji panggresah sing ngilekake luh meh saben dina
sak wuse nguwalake jugare pangenta sing kumepyur saka antariksa 
Gathutkaca malih dadi Burisrawa dumadakan gumuyu ngakak
; Atine perih nangisi tresnane sing ditampik Wara Sembadra

Sambeng, Puguh, Pacitan 2006 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar