Hardho Sayoko
Nadyan wis langka wit siwalan sing tharik-tharik neng kene
alas gung liwang-liwung kanggo mbebedhag Patih Batik Madrim
uga wus kari dongeng neng flash disk sing dicopy neng laptope Landa
neng jero pegeot aku ngimpi dadi pekathike Prabu Angling Darma
ngubengi wewengkone negara Malawapati karo ngrapal mantra
Manuk-manuk merak kekablak neng nduwure ara-ara
kawat-kawat ireng nyimpen mawa nyimpen swara
pating krantheng ngawe-awe mega
sikile baris neng lemah sing maewu tahun nyumber crita
ora entek dinudhuk wiwit bayi cenger nganti bisa mejang mantra
Nadyan wit siwalan sing tharik-tharik wis saya langka
alas jati mbaka sithik kari tinggalan tunggak nangis kelara-lara
neng komputer thunak-thunuk tak lacak nganggo guneme Landa
sak durunge ngucek tlapukan mripat sak bubare muluk sega
sak wise krungu nek sing newu sumber tibane putune Ki Antaboga
Banyu Urip - Rengel - Kedunggalar 14 Desember 2007
Tidak ada komentar:
Posting Komentar