Hardho Sayoko
Merga kabeh wis jeleh dadi wadale putune dhemit
mula bareng wite sol banjur padha salin salaga
kang mangka rikala wuru danyange isih ngenam panjangka
engga bareng ketigane rampung bali nglebetne gendera
kanggo jiret playune Dhadhung Awuk sing nguber durjana
Dandang jarene kuntul iku sing keprungu saben dina
nanging kena apa ocehe prenjak kena kanggo tengara
coba pawongan endi sing ora doyan kemrincinge dhuwit?
wong sing dadi rajane kecu ora isin ngaku pendhita
Merga kabeh wis ngerti menawa panguwasa kuwi legi
engga sing nate nyekel kepingin langgeng dadi bathara
ora perduli sing dadi gedibal mung bisa bekah-bekuh
lan mung dongakne besuk nek mati dadi intipe neraka
Sebab urip mung mampir ngombe paribasane
mula gemang ngulu nek mung trima unthuke lenga
wong ya melu asok pajek kok diaku jare mung nampa
mula aja padha mengingis nek terus dicenges tangga
Kedunggalar, 29 April 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar