Jumat, 22 Juli 2011

NENG PERON STASIUN SEPUR WONOKROMO

Hardho Sayoko


Tak sok kangenku neng kene bocah ayu
karo metani dina-dina sing wis mungkur
digondhol mlayu angin segara sing anget
sing rikala jaman narayana nambahi greget



Pira ajine katresnan nek ditandhing
karo dawane kasepen sing manggang ati
kebule keluk sing ndedel ngawiyat 
rikala nyawang pandom jam sing mrambat
dadi crita lucu sing diguyu anak putu 

Kangenku sing tak sok neng kene bocah ayu
dinggo playon bocah cilik sing nek dolanan lali luwe
karo metani dina-dina sing wis kawuri
neng laptop tak temokke esemmu sing katutan gula
sumimpen neng sak jerone larikan geguritan 
ketindhihan bait puisi sing irah-irahane durung cetha

Februari 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar