Hardho Sayoko
Glali neng jero lodhong marikelu sak dhuwure meja
semut sing baris ngulu idu grenang-greneng kelara-lara
menungsa kuwi menawa kepepet sok tegel karo kanca
nyatane diumbar garing didilati srengenge saben dina
bareng ngerti rasane legi malah diulu sak wadhahe
nanging menawa disaruwe ora isin nyenthe-nyenthe
Baris terik tempe tridhong kedhele gosong
sapa wani baris ora kudhung lulange ula sawa
ora miris nyawang langit sing ngubengke jangka
mung wong pepes sing sing gemang nampik coba
Glali neng jero lodhong marikelu sak dhuwure meja
semut sing baris ngulu idu grenang-greneng kelara-lara
menungsa kuwi menawa kepepet sok tegel karo kanca
nyatane diumbar garing didilati srengenge saben dina
bareng ngerti rasane legi malah diulu sak wadhahe
nanging menawa disaruwe ora isin nyenthe-nyenthe
Kedunggalar, 5 Desember 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar