Hardho Sayoko
Gumuk saka kadohan ngawe-awe
rikala wit pinus gojeg karo angin sore
ngrontokake gegodhongan garing
sing kerep nyegat pedhut neng kene
nibakake pang gapuk saka wite
Isih pirang jangkah panggonan leren?
wewayangan sing melu lumayu
senadyan ora melu adus kringet
ketoke kepingin aweh penget
Neng ngarep plataran omah bawera
dawane ratan kebegal gapura
kangen sing suwe umob neng dhadha
dumadakan uwal merga arume tresna
Dangka, Trenggalek 4 Agustus 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar