Hardho Sayoko
Sengkuni kulukan kerdhus dremimil adol donga
turut lurung pamer gotri bolong ngentra pendhita
nek sak iki rodhane pesok wani totohan wonge genah sepata
nyatane sing biyen nyekukruk sak iki wani kluruk luwih sora
sak wise ngeker-eker tanduran sing prungges neng tegal bera
sing dipasani mutih sanak sedulur saben nyebar rabuk mangsa ketiga
Umpama biyen ora kumalungkung jegal sing trantanan
mbok menawa Kalabendu wis kliwat dilangkahi ubenge jangka
embuh amarga pancen durung jamane Kencana Rukmi wancine teka
nadyan diplothot sedina ping sewu sing ngrema ya tetep Bathara Kala
wong Togog lan Bilung wani ngeyel menawa Buta Terong kuwi satria
mula ora aneh sing seneng clometan malah disengkuyung ngluwihi dewa
Sengkuni nganggo kaca belor umak-umik ngrapal japa mantra
turut lurung krudhukan jubah logro ngemba resi Abiyasa
ngithik-ithik keleke bocah jumagar sing lagi ngrancang gatra
merga omongane sing katutan madu wis ora duwe rega
ning isih sok melu kekablak nadyan gunemane wis ora cetha
Kedunggalar, 1998 – 2007 - 29 September 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar