Jumat, 22 Juli 2011

CATHETAN SAKA POJOK KUTHA

Hardho Sayoko

Amarga legine esem ora nate nemplek neng lambene kere 
mula akeh sing padha ora nggape ubenge wektu neng jagat 
senadyan gelem ngrewangi karo sing gelem adus kringet
nyatru panggresah nampik pamer luh nadyan kejiret panalangsa
sing kepingin nguwali sekeng lan merdika ngubengake donya 

Mula ora susah sumelang mapag dina sing bakal teka
wong sing kethune ceblok neng lemah ya ora nate ngresula
merga sing digelar bisa direkayasa angger bisa nambak segara 
ora susah mbukak primbon lungset sing dlesep neng ndhuwur paga
wong angger irung ngerti nek sing gelem julig bakal dadi raja

Mbok menawa sing terus lestari neng jagat kari sepi
sak wise sing sumampir dipundhut karo sing ngampilake 
sebab sugih mlarat sarta drajat pangkat sejatine ora ana bedane
menawa idep neng mripat wis ora bisa bali kedhep kaya maune
lan awak sing kaku kebuntel keluke kayu cendhana 

Kedunggalar, 2006 - 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar