Jumat, 22 Juli 2011

WENGI ING MUSHALA POJOK PASAR PON

Hardho Sayoko

Langite peteng nadyan abyore lintang nyoba miyak
wewadine jagat kang kineker neng asta Ne
apa to werdine urip kang ginedhong jantrane nasib?
menawa enere tumindak mung mbujeng adrenge karep


Wis makaping nyoba nyingkrihi kang nuwuhake bendu
pawadan merga Piyambake nyawisi sakehe kang ginelar 
ewa dene runtike kanisthan kang cumondhok
ngedohake pangrengkuh kang dadi gegayuhan

Kena apa sing tumitah dadi penggurit
liwat tembung ora bisa nduwa sak kehe tumindak sulaya
apa pancen larike pangucap sejatine mung keplase niyat
engga kang wis oleh wangsit adakane sok kelangan krekat
kabotan jeneng kang dadi apalane bocah mendem brekat

Kedunggalar, 3 Desember 2003-10 April 2008-28 April2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar