Hardho Sayoko
Panguwuhe sepur wanci sore
kerep ngijir kasepen sing kecer neng kene
coba etungen dina-dina sing wis kari cathetan
apa isih bisa dikerta aji
sak wise rambut ilang jangese
Biyen sliramu nate kandha
menawa pang cemara sing mangklung
isih gelem ngipatake gegodhongan garing
ateges langit isih tetep bakal pinaes mega
ora perduli dina sesuk nawake kesepen
lan ngejur endahe pangganta
Panguwuhe sepur wanci sore
kerep ngijir kasepen sing kecer neng kene
nanging aja ngetung dina-dina sing wis kari cathetan
merga sing wus nate dironce
nganti bejate jaman ora bisa dilalekake
Kedunggalar, 13 Juni 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar