Jumat, 22 Juli 2011

NENG NGISOR GAMPENG BELIK UMBUL

Hardho Sayoko

Beninge banyu sing kimplah-kimplah
kerep ngentirake kasepen sing jineret glagah
saben rasa kangen wiwit krasa ngobong dhadha
neng dhuwur gampeng marikelu jlumati rantase panjangka
sak wise nggetuni katresnan sing kesrimpet dina
sapa sing gelem melu nguntapake playune srengenge?
menawa tumetese luh tansah nelesi ati kang semplah
rikala surup klawu nawani branange panggresah
sak dawane kali sing kedhunge gerusi lemah

Kedunggalar, 13 Juni 2008

Tidak ada komentar:

Posting Komentar