Hardho Sayoko
Sliramu wis kapang ngrungokake
panguwuhe bocah angon saka gampeng
nyawang ledhunge ijone gegodhongan
sing pange ora isin jejogedan
saben angin kemrasak neng papringan
Embuh wis pirang puluh tahun
dlamakakan sikilmu ora tau gupak endhut
ngetutake lakune kebo sing ora ngresula
ngratakake ler-leran sawah
sak wis neng gapura ngipatake panggresah
ditutake wewayangan sing katut jangkah
Sliramu kerep takon lewat sms
lan klesak-klesik suara neng telepon selular
apa neng desa isih ana klenengan
ngiring wong beksa neng sendhang bubar panen
sak wise ngedum buceng lan ngamini donga
Embuh wis pirang puluh tahun
aku lan sliramu ora nate gojeg
sak wise neng gapura tak kipatke panggresah
nyawang jangkahmu sing biyen malang tumoleh
kesandhung-sandhung larikan dina
sing sak iki kerep nyigar kasepen
Kedunggalar, 12 Juni 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar