Jumat, 22 Juli 2011

AMBEGAN SAKA PARAN

Hardho Sayoko

Liwat kemrosake godhong pring buri omah
unjal ambegan landhung dak rungu ngiris dhadha
mangka wis ora ana rante sing kemlawer lan gembok waja
nanging kok isih rekasa nata urip lan ngupakara nyawa
apa merga biyen rikala manjer umbul-umbul danyange kelalen
ora nyebul trompet merga sumemplit neng nduwur paga

Kedunggalar, ngancik Agustus 2006   



Tidak ada komentar:

Posting Komentar