Hardho Sayoko
Nek ora bisa metheti aja ngarep-arep
gemontange kung kang diselani ketek
crita wingi wis kari tipake setipan
mula nek arep nggurit ya jupuka potlot
mung kertase apike diganti ben ora bosen
supaya sing maca ngira nemu sejarah anyar
Brengenge pasar wis diganti kumandhange lagu pop
kedhung neng kali wis suwe ilang kurugan bambrongan
ora susah ngenteni sabukan wesi lan manuk waja kekiteran
tanah Jawa wis suwe kelangan yoni lan kemandene empu
Nek ora bisa nglirik aja ngarep-ngarep
weruh babone ngloloh piyik karo tiron sepahan juwawut
wong manuk walet wis suwe lali asine unthuk segara
apa maneh sing ora bisa direka karo canggahe Ki Ronggo
nek karo nyambi dhehem wae kabeh bisa ditata?
Kedunggalar 8 Agustus 2006
Tidak ada komentar:
Posting Komentar