Jumat, 22 Juli 2011

KEDHUNG MILENG

Hardho Sayoko

Ara-ara bawera biyene alas gung liwang-liwung pagere sikil mega
panggonane germo bebedhag kewan sing sak iki mung kari aran
kuwi dhek jaman cilikane simbah rikala tatanan durung bubrah
kali jero kedhunge pasar-pasar isih kaya tawon gumremenge
menungsa sing nganam paseduluran ora ngetung tuna bathine

Kedunggalar, 13 Juni 2008

Tidak ada komentar:

Posting Komentar