Jumat, 22 Juli 2011

BENGES ABANG

Hardho Sayoko

Lewat larikan gurit sing dak waca
endahe reroncene mutiara
sing ngrenggani janggane widadari
saben ngarepake candikala
kekiteran neng dhuwur telaga
dak temokake njlumati sabdane pendhita


Aluse pangrasa pranyata mung isen-isene paga
ora bejaji nadyan linurup landhepe panggraita
lewat layang sak suwek sing katutan dom ngemu wisa
nunjem dhadhane Rahu sing ora kesel bujung panjangka

Lewat larikan gurit sing dak waca
endahe ukara sing pinaes lungite makna
geterake ati kaya rikala winejang guru ngapalake mantra
nyatane mung benges lembe sing ora duwe rega
sak wise kabukten menawa mung apus krama

 Kedunggalar, 15 Juni 2008

Tidak ada komentar:

Posting Komentar