Jumat, 22 Juli 2011

KEBON BERA NENG DHUKUH URUNG-URUNG

Hardho Sayoko

Thunak-thunuk sikil jumangkah ngetung wayangane bluluk
embuh anak putu apa isih eling tataran wit krambil
sing baris neng kebon lan papahe kanggo jigaran bajing
gek neng endi sak iki nek nyugata rowang sing krasa ngelak?
sak wise wangwung sing gragas ora mung mamah janur lan blarak

Kedunggalar, 15 Juni 2008

Tidak ada komentar:

Posting Komentar