Jumat, 22 Juli 2011

DALAN CIKINI RAYA -MANGGARAI SAK WIJINE WENGI

Hardho Sayoko


Nyawang  wewayangan lumayu turut ratan
sliramu lagi percaya menawa Jakarta ora nate turu
senadyan srengenge sing temangsang neng memehan
wis suwe ngringkel neng paturone sing yasa wuku
isih nguber bendarane sing keplantrang bujung impen

Keluk lan pedhut gantholan driji nyebar pilek
angin wulan Juli nyebul  pengangen  teka mega
sapa sing keplok bokong karo ngedhepake mata

Coba tlesihen nganti permati neng larike gurit
apa bener  menawa jenang lan jeneng sok nyliliti untu
nyatane sak dawane ratan sliramu kober ngenam panggantha
ora merdulekake grimis njawil pang lan gegodhongan
banyu sing ngecembong bola-bali ngemut sepatu

5 Juli 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar