Jumat, 22 Juli 2011

DUDU SAPI BRENGGALA

Hardho Sayoko

Ora susah sepata kabeh wis padha ora percaya
aja ngrakit crita nek mung gombale Mukiya
tutukmu kudune kagem ngendikan sing duwe rega
mula aja angger jeplak  mundhak sing krungu ngaru ara


Sejatine sing melek wis suwe rumangsa kena apus krama
nanging padha mupus merga ilate wis kadhung kejiret kala
bisane mung bekah bekuh karo ndhodhog dhadha ;
Gek biyen ngimpi apa wedhus prucul dikira sapi brenggala  
nganti lali siji ping siji nek diijir apa kena kanggo mertamba

Ora susah pringas pringis kabeh wis wegah melu baris
aja bola bali sambat nek mung marahi urip saya mlarat
esemmu sing pahit madu wis suwe ora ana sing nganyang
mula becike mingkem ben ora ketujah solahe jaran kepang

10 Juli 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar