Jumat, 22 Juli 2011

PAWIT NGEMUR

Hardho Sayoko


Prawan kencur rambute janges sumeh polatane
endahe maewu impen lelungan ing kutha-kutha gedhe
kang dirungu saben bu guru nerangake neng ngarep kelase
uga dina mbesuke negara sing ngendikane uga dadi duweke
wis cuthel sak wise lembaran ijazah cinekel tangane
 
Pawit prawan ireng manis nglempit klambi seragame
sakwise nem tahun dienggo munggah mudhun gumuk ngluru ilmu
kang sakwise tamat bingung ditanjakake kanggo apa

Pawit sing ireng manis nglethakake buku-buku cathetane
sakwise nem tahun  neng ngisor ublik diapalake tulisane
wiwit sesuk ngolah lemah cengkar ngancani wong tuwane
karo nunggu jodho menawa wis teka titi mangsane
kaya sing dilakoni simbok karo mbakyu-mbakyune
sing kepeksa diwasa amarga saka sekenge

Kali Kuning, Tulakan, Pacitan, 17071999

Tidak ada komentar:

Posting Komentar