Jumat, 22 Juli 2011

GONDANG LEGI, NONGKO

Hardho Sayoko

Menawa nyawang driji saben nuding watu dadi abang
ora susah ngungun merga ana sing nglepeh dubang
dadi menawa ana sing ngisi telih saka anggone adol panandhang
kuwi genah ponakane Sengkuni kang nistha lan ora duweni wirang
sebab sing dienggo pawitan ngglembuk kuwi nisthane sapa?


Kena apa ora mbok owahi cengkoke tembang sing nyleneh
timbang melu nggadhekake wirange biyung lan nyigar lemah
tangeh lamun menawa sing tombok  ora melik pendhok
sebab akeh sing ora dunung merga ati diumbar kemrungsung
merga mung nyawang sing rusak ora enggal kepiyak
sak wise kesel nglebetake gendera neng tengah kutha
lan rumangsa jeleh bengak-bengok lan ngundamana

Titenana dina-dina kang terus playon neng kene
nadyan tanggalan sing kepungkur dina sesuk isih kena dienggo
nanging mesthi ana sing ngengkel arep ngijolake pawukone leluhure
merga sega thiwul jarene awet wareg tinimbang ngemah donat
engga sing tegel ngokop getihe kanca terkadhang malah dienengake
apa merga ngaku Pejuang Rakyat sing pinter andum gawe?
Hehe

Gondosari, Punung, Pacitan, Februari 1999

Tidak ada komentar:

Posting Komentar