Jumat, 22 Juli 2011

SURUP PUNGKASAN ING SONO

Hardho Sayoko

Kaya nyawang gendewa kang mataun-taun nglemah
mbok penthang alon-alon tanpa menehi perlambang
ngincer branange ati sing kerep goreh
saben kesuwen neng paran lan nyatru geguritan
lan ethok-ethok lali karo dhawuhe Pangeran


Pranyata sliramu kang kumbi
ndadekake wewayangan kang suwe kaningaya neng kene
meh lali karo kejeme kang biji saben mangkat nyusul wewe
nadyan ora nguber ajine kringet sing rada isin diomongake
nanging menawa dianggep muspra genah dadi mala tundhone

Nadyan tanpa nggoceki dhadha kang ajur mumur jeroane
nanging ora kena kecolong  panggresah saka telenge
sak wise netramu kang edhum nyunarake paite pepisahan
rikala aku pamit bali lan ngucapake groyoke salam

Tulakan, Pacitan, 20071999

Tidak ada komentar:

Posting Komentar