Hardho Sayoko.Spb
Akeh gunem sing mung waton metu sake cangkem
nanging nek diwaca sejatine mung buru pengalem
ndadekake telenge ati rojah rajah ora tentrem
sak wise ucul lan ngobahe ilat sak durunge mingkem
bisa natoni sanak lan nuwuhake ruwete perkara
lali merga melik jenenge moncer lan diajeni kanca
Mula aja mung nirokake unine manuk menco
omong sak omong kudu dipikir sing luwih jero
tinimbang dadekake gendra ing tembe burine
becik meneng lan ora susah serik dikira bodho
sing penting slamet senadyan ketok rada bruwet
Akeh gunem sing mung waton metu sake cangkem
nanging nek diwaca sejatine mung buru pengalem
sing ndadekake utek umob lan pikiran ora jenjem
sak wise kesusu ngeculake gunem karo mesam-mesem
ora nggagas sing krungu atine kobong lan bisa nesu
mula becik meneng tinimbang obah kaya kinjeng
Kedunggalar, 14 Juni 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar