Hardho Sayoko.Spb
Srengenge wanci esuk jedhindhil neng segara
dienggo bancakan iwak sing playon neng ngisor ombak
nyampyok gampeng sing pinaes lumut lan larahan
sak durunge ancang-ancang kekiter ngubengi donya
dhiajeng apa bener angin parak esuk sing ngeterake sanja?
Tak sok rasa kapang saka telenge ati
liwat gurit ampang lan panggresah sing sepa
kena apa ukarane kok tetep slenca wong ayu?
geseh karo prenthule krentek neng jero dhadha
Ngantia kapan aku percaya kangen lan katresnan
yen didunungake kaya gethuk lan parutan klapa
menawa gothang salah siji wis ora ana sing nyoba
mula kasetyan neng ati aja nganti kenyonyok mawa

nadyan ukarane katutan kepyuran rontokan gula
mbok sawurake karo ngranti neng tlundhakan pendhapa
Brondong, 24 Juli 2006

Tidak ada komentar:
Posting Komentar