Jumat, 22 Juli 2011

SAKA JABA CENDHELA

Hardho Sayoko.Spb


Godhong-godhong garing kumleyang saka cendhela
blasah neng jogan kamar wedhakan lebu lemah cengkar
angin, angin aja mbok jawil wit jambu sing tumiyung neng latar
ketigane lagi mucuki mula umbaren angkrang-angkrang pada jigar
supaya manuk prenjak kanthi wening bisa nayuhake sasmita 
sak durunge martakake karo pencolotan ngobahake jangga
; Sanak sedulur neng paran lagi padha nandhang dhuhkita
karo maliki dina-dina kawuri sing sak iki nguncali mala
nggetuni balung pitik cemani sing gosong merga dienggo pipa

Sendang Harjo ,Tuban, 12 Juli 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar