Hardho Sayoko.Spb
Syukur sliramu isih gelem ngapalake neptu
nadyan sing yasa komputer dudu canggahe Eyang Ronggo
waton gelem othak-athik gathuk ora bakal kalah perbawa
wong rumuse ngracik bom nuklir nunggal misah karo mantra
bedane sing ngecakake ora oleh Nobel saka kana
malah bisa digrudug wong sing wuru karo nggawa bandhosa
Aja isin krudhukan sarung menawa sliramu ngrasa merdika
tinimbang kudhung walulang macan kerep marahi dadi mala
sebab wiwit jaman Bondhan Kejawan lan Jaka Tarub
simbahe gludhug wae wis ngakoni kasektene wong Jawa
nanging kena apa sliramu nglarang putumu sing irunge pesek
nginstall Jarang Goyang karo Semar Mesem neng jerone laptop?
apa dupeh durung operasi plastik nganggo kartu ATM
Syukur sliramu isih gelem njingglengi wuku
nadyan ubengane udheng lan miru nyamping wis ora bisa
sing marahi tanah Jawa horeg dudu saka jangka Jayabaya
sebab Ketangga wis padhang alase lan yonine keris wis kari crita
lha kok sliramu keyungyun unine manuk derkuku
apa merga sing ngingu bisa mejang unine rajah Kalacakra?
sing neng prapatan pendhak dina Legi digelar neng dhuwur klasa
Kedunggalar, 28 April 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar