Jumat, 22 Juli 2011

CRITA WANCI SORE

Hardho Sayoko.Spb


Ana manuk dara saben ngancik surup kekiteran neng awang-awang
jarene arep mbrobos langit sap pitu pingin wadul karo sing yasa candikala
karo nyebar endahe impen para leluhur sing ajur sawalang-walang
kena apa sing kudune wis mrajak malah mati kepidak-pidak barisane warak
sing kudune wis jenat merga salah nyuwuk malah jilma dadi kembarane malaekat
sendhen gapura karo nyekethem wohe khuldi sak durunge mbebedhag selira

Kena apa jangka sing wus kawedhar ora nate kegambar
mangka gunung lan ngare sing kagungan ya wis jeleh nyaruwe 
merga sing bola-bali ketleyek tansah pawadan anut ubenge jaman 
lan garis nasib sing tinulis neng garbane biyung sing tininggal bapa

Ana manuk sriti saben ngancik surup kekiteran neng awang-awang
jarene arep mbrobos langit sap pitu merga kepingin ngowahi dhungdhung kluwung
sak wise mbaka siji untune entek merga kanggo pancatan diyu lan brekasakan
merga pingin bebedhang widadari sing kerep krungu geguyone rikala lelangen 
sing mataun-taun karo singidan godhong lumbu jajal ngranggeh kembene
gumantung neng pang aking kang tininggal ijone godhong naga dewangga 
sing maewu tahun kepungkur panggonane nyusuh manuk dadali saka suwarga

Kedunggalar, 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar